PIDHATO MENGETI DINA KARTINI

pada kesempatan kali ini saya ingin membagikan dan memberikan contoh pidato dengan tema Memperingati Hari Kartini, Kartini sebagai Pelopor Emansipasi wanita.

 

 

Pidato atau membaca pidato adalah merupakan salah satu cara untuk seseorang untuk menyampaikan pendapat untuk membuat semua pendengar mengetahui maksud dan tujuan dari orang yang berpidato.

 

 

 

        Pidato kali ini, merupakan salah satu pidato yang memiliki makna yang mendalam karena berisikan pesan moral yang sangat penting untuk semua orang khususnya untuk kaum perempuan di Indonesia.

 

 

 

 Contoh teks naskah pidato pidato dengan tema Memperingati Hari Kartini, Kartini sebagai Pelopor Emansipasi wanita. Dalam bentuk ragam Bahasa Jawa.

 

 


 

 Contoh Naskah Pidato Tema Hari Kartini

 

 

Memperingati Hari R.A. Kartini, Raden Ajeng Kartini sebagai Pelopor Emansipasi wanita

 

 

 

Sih rahmat tentrem rahayu karana peparingipun Gusti ingkang murbeng dumadi tansah tumedhak lan tumanduk ing jiwangga panjenengan sedaya dalah kawula waridin sagung dumadi.

 

 

Assalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh.

 

 

Nuwun,

 

Para sepuh, pinisepuh ingkang tansah kinarbekten,

 

 

Para bapak saha ibu ingkang kawula kurmati.

Sumawana para mudha-mudhi ingkang karoban ing raos bagya..

 

 

Langkung rumiyin sumangga panjenengan dalasan kawula ngaturaken pudji syukur dhumateng ngarsaning Gusti Ingkang Maha Agung ingkang sampun paring pangayoman miwah panjangkung, satemah ing kalodhangan punika panjenengan sedaya dalasan kawula saged makempal manunggal kanthi raos bagya mulya, kalis ing sambekala.

 

 

 

Kaping kalihipun sholawat saha salam mugi tansah kalimpahaken dhumateng junjungan kita nabi agung Muhammad SAW ingkang sampun nedhahaken panjenengan sedaya dalahkawula ing margi ingkang leres.

 

 

 

Para bapak saha ibu ingkang kawula kurmati. Sumawana para mudha-mudhi ingkang karoban ing raos bagya.

 

 

 

Kados ingkang sampun kita sedaya mangertosi bilih Raden Ajeng Kartini miyos ing surya kaping 21 April 1879 ing tlatah Jepara. Pramila ing surya kaping 21 April punika panjenengan sedaya dalasan kawula sarwi mengeti, minangka dinten miyosipun Raden Ajeng Kartini. Kangge mengeti perjuanganipun Raden Ajeng Kartini ingkang sampun ngangkat drajatipun kaum wanodya Indonesia ngantos saged sami kaliyan drajadipun kaum priya.

 

 

 


Rikala gesangipun Raden Ajeng Kartini, para wanodya Indonesia tansah wonten ing pingitan. Para wanita mboten dipun keparengaken sekolah. Ugi mboten dipun keparengaken gadhah pedamelan ingkang sami kaliyan pedamelanipun priya. 

 

 

 

Para bapak saha ibu ingkang kawula kurmati.

 

Ananging sapunika, para wanita sampun sami drajadipun kaliyan para drajad kaum priya. Babagan punika pranyata saestu saged dipun tingali. Sapunika sampun kathah para wanita ingkang hanglenggahi jabatan penting dados ketua-ketua utawi pemimpin-pemimpin, ngantos dados Menteri utawi Presiden, kados panjenenganipun Ibu Megawati Sukarnoputri ingkang jumeneng dados Presiden Republik Indonesia ingkang kaping gangsal.

 

 

 

Para rawuh ingkang minulya,

 

Ing salebetipun mengeti dinten wiyosipun Raden Ajeng Kartini, ingkang kedah kita pengeti inggih punika semangatipun ing babagan emansipasi wanita. Mboten namung mengeti anggenipun Kartini mawi sanggul ageng kemawon. Aninging kados pundi Raden Ajeng Kartini majengaken para wanita ing negeri kita tercinta menika.

 

 

 

Mbok menawi, saumpami R.A. Kartini taksih gesang badhe suwun ningali kawontenan kaum wanita ing nagarinipun. Ing sawaunipun supados setarap kaliyan priya ngenani hak-hakipun. Malah sapunika kathah ingkang dipunginakaken tumuju dhumateng kawontenan ingkang mboten ngremenaken. Kadosta para wanita ingkang kathah sami ses rokok (udud), para wanita kathah ingkang mawi clana (nganggo Kathok). Punika mboten ateges emansipasi. R.A. Kartini mboten nggadhahi emansipasi ingkang kados mekaten! 

 

 

 

Para bapak saha ibu ingkang kawula kurmati. Sumawana para mudha-mudhi ingkang karoban ing raos bagya.

 

 

Emansipasi ingkang dipun perjuangaken R.A. Kartini inggih punika ngengingi hak ingkang sami antawisipun priya kaliyan wanita. Menawi priya dipun parengaken sekolah wonten pawiyatan luhur, para wanita inggih dipun parengaken ngudi ilmu wonten ing pawiyatan luhur. Mboten namung wanita dipun paringaken wonten ing wingking supados masak kemawon.

 

 

 

Para rawuh ingkang minulya,

 

Sak derengipun wonten emansipasi saking R.A. Kartini, para wanita nyambut damelipun inggih namung wonten ing pawon. Mboten wonten wanita ingkang nyambut damel wonten ing kantor-kantor kados sapunika. Awit sampun wonten paribasan, menawi kados pundi inggilipun sekolah, wanita ing tembenipun bakal nyambut damel wonten ing pawon.

 

 

 

Para rawun ingkang minulya,

 

 

ing jaman sapunika para wanita sampun sami nyambut damel kangge majengaken bangsa, nagari, tuwin agami, ananging mboten kentun wanita uga tansah kaum wanita ingkang sami nggulawentah amrih raharjaning kulawarga ugi tumut majengaken generasi muda supados mbina rumah tangganipun saksae-saenipun.

 

 

 

Kula kinten cekap semanten atur kawula, mbok bilih wonten klenta klentuning atur kawula nyuwun agungingsamudra pangaksami.

 

 

 

Santen parutan klapa,

Cekap semanten atur kula,

 

Numpak sepur nggawa tali,

Mbok bilih wonten klentunipun atur kula nyuwun agunging samudra Pangaksami

 

 

 

Wassalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.

 

 

 

 

 

0 Comments:

Post a Comment

Popular Posts