TEMBUNG CAMBORAN

 


Kata
majemuk atau Tembung camboran (Bahasa Jawa) merupakan dua kata atau lebih yang digabung menjadi satu dan memiliki satu arti. “Tembung camboran yaiku tembung loro utawa luwih digandheng dadi siji lan nduweni teges siji.”

 

 

 

Tembung camboran dalam bahasa Indonesia kata Komposisi adalah kata tunggal atau tembung lingga (bahasa Jawa) mendapat akhiran –an. Cambor mempunyai arti campur. Jadi tembung camboran mempunyai arti dua kata yang digabung menjadi satu. “tembung loro kang dicampur, dirangkep, utawa digandheng dadi siji.”

 

 

 

Menurut bentuknya tembung camboran dapat dibagi menjadi 2. Yaitu tembung camboran wutuh dan tembung camboran tugel atau wancah. Contoh tembung camboran wutuh: buku gambar, sayuk rukun, lemari kaca, guru. Sedangkan tembung camboran tugel atau wancah: bangjo, thukmis,lunglit, dll

 

 

 

1.            Tembung Camboran Wutuh

Adalah Dua kata atau lebih yang digabung jadi satu tanpa mengurangi jumlah suku kata. “Tembung loro kang dirangkep dadi siji nanging ora ngurangi jumlah wandane.” Tembung camboran wutuh bisa dibagi menjadi 2 macam yaitu:

 

 

1)                Tembung Camboran wudhar adalah kata satu dengan kata yang lainnya memiliki makna sendiri-sendiri. “tembung siji lan sijine isih nduwe teges dhewe-dhewe”

 

·        Meja karo kursi = meja kursi

·        Sendok karo garpu = sendok garpu

·        Papan karo tulis = papan tulis

 

 

2)                Tembung Camboran tunggal adalah dua kata yang digabung menjadi satu dan mempunyai makna baru. “tembung loro kang digandheng nanging nduweni teges anyar.”

·        Semar mendem = nama makanan /jenenge jajanan

·        Nagasari = nama makanan/jenenge jajanan

·        Kuping gajah = makanan yang terbuat dari tepung

·        Rondha royal = makanan yang terbuat dari ketela/ singkong

 

 

 

2.            Tembung Camboran tugel atau Wancah

Adalah dua kata yang digabung menjadi satu dengan mengurangi jumlah suku katanya. “Tembung loro kang dirangkep dadi siji kanthi ngurangi jumlah wandane.”

 

·        Abang ijo = bangjo

·        Idu abang = dubang

·        Bathuk klimis = thukmis

·        Jitu = siji pitu

·        Budhe = ibu gedhe

·        Thongpes = kantong kempes

 

 

 

KALIMAT TUNGGAL / UKARA LAMBA

 

Kalimat Tunggal atau ukara lamba adalah kalimat yang memiliki subjek (jejer) dan predikat (wasesa) tunggal. “Yaiku ukara kang nduweni jejer lan wasesa tunggal.” Contohnya Wahyu lunga pasar.

 

Tuladha:

1)           Bocah kuwi seneng dolan. Bocah kuwi (jejer), seneng dolan (wasesa)

2)           Mas Wahyu nukokakeadhiku sarung bathik. Mas Wahyu (jejer), nukokake (wasesa), adhiku (lisan), sarung bathik (geganep).

 

 

 

 

KALIMAT GANDA / UKARA CAMBORAN

 

 

Kalimat ganda atau ukara camboran adalah kalimat yang memiliki subjek dan predikat rangkap. Setidak-tidaknya memiliki wasesa rangkap. Ukara camboran bisa dibedakan menjadi dua macam, yaitu: ukara camboran sejajar (sederajat) dan ukara camboran susun (bertingkat).

 

1.                 Ukara camboran sejajar (klausa koordinatif)

 

Adalah kalimat yang terjadi dari dua klausa atau lebih. Yaiku ukara kang dumadi saka rong klausa utawa luwih. Klausa iku digandheng dadi siji kanthi nggunakake tembung panggandheng utawa tandha koma ing antarane klausa siji lan sijine. Klausa kang ana ing Ukara camboran sejajar awujud klausa inti.

 

 

1)           Mbakyuku kuliah ing Semarang lan adhiku kuliah ing Sala.

2)           Budiarti iku ayu tur pinter sisan.

3)           Harti nyelehake bukune, terus dheweke salin klambi.

 

Kalimat-kalimat diatas berasal dari dua klausa. Antara klausa satu dan klausa kedua menggunakan kata penghubung. Bisa berasal dari kata - kata atau wujud tanda koma “,”.

 

 

“Ukara-ukara kasebut dhuwur kabeh dumadi saka rong klausa. Antarane klausa kapisan lan kapindho mesthi ana panggandhenge. Embuh awujud tembung utawa awujud tandha koma. Tembung panggandheng kang asring dienggo, yaiku: lan, sarta, nanging, ning, dene, wondene, banjur, terus, utawa, utawi, lajeng, miwah, tur, saha, malah, apa, lan nuli.”




2.                 Ukara camboran susun (klausa subordinatif)

 

 

Adalah kalimat yang terjadi dari dua klausa atau lebih tetapi antara klausa satu dengan yang lainnya ada yang mengasai da nada yang dikuasai. Yaiku ukara kang dumadi saka rong klausa utawa luwih, nanging antarane klausa siji lan sijine ana kang nguwasani la nana uga kang dikuwasani. klausa kang nguwasani diarani klausa inti (induk kalimat), dene klausa kang dikuwasani diarani klausa pang (anak kalimat).

 

 

1)    Mbak Yuli ora mangkat kerja jalaran lara meriang.

2)    Nalika Dipta teka, Jatmika lagi dolanan computer.

3)    Senajan diwenehi sangu aku ora bisa teka.

4)    Bapak mau ngendika yen kowe ora pareng dolan.

 

 

 

Ukara kasebut ing dhuwur kabeh awujud Ukara camboran susun sebab dumadi saka klausa inti lan klausa pang. Kabeh klausa kang katulis kandel mujudake klausa pang, wondene kang ora katulis kandel mujudake klausa inti.

 

 

 

Olah kalantipan.

 

Ukara-ukara iki aranana kalebu ukara ukara camboran sederajat apa camboran susun!

 

1.     Haryanti kuwi dudu guru, nanging dokter.

2.     Aku ora bisa melu piknik amarga ora duwe dhuwit.

3.     Sing nggoreng kacang mbakyune, dene sing mbungkusi adhine.

4.     Rini wis rampung kuliahe, malah saiki dheweke wis nyambut gawe.

5.     Dheweke adus banjur tata-tata mangkat sekolah.

6.     Udane deres mula kaline banjir.

7.     Rizki bodho amerga kesed sinau.

8.     Dheweke kerep mbolos mulame ditimbali wali kelas.

9.     Aku mung nresnani Yanti, nanging ora bisa nduweni.

10.                        Pagaweyane Siman nyapu latar lan makani sapi.

 


0 Comments:

Post a Comment

Popular Posts