NELPON

Nelpon yaiku komunikasi rong arah antarane wong siji karo wong sijine kang ana panggonan kang beda. Telpon iku kalebu salah sawijining sarana komunikasi kang nduweni kagunan penting kanggo kauripane manungsa. Sarana iku bisa digunakake kanggo sarana ngirit wektu lan jarak.
 
v  Kang prelu digatekake nalika Nelpon, yaiku:

1.      Migunakake kode panggilan”Halo”ana ing wiwitan nelpon utawa bisa uga kanthi ngucapake salam, kaya Assalamualaikum, sugeng enjing, dalu, lsp.
2.      Ngandhakake identitasmu kanthi cetha nalika nelpon
3.      Nakokake identitase wong kang lagi koajak guneman/omongan ana telpon
4.      Ngandhakake keperluanmu nelpon kanthi singkat lan cetha
5.      Migunakake basa kang apik lan uga kowe bisa nitipake pesen umpama wong kang kogoleki ora ana kanthi singkat lan cetha

v  Kang prelu digatekake nalika nampa telpon, yaiku:

1.      Nyambut kanthi salam utawa mbales salam saka wong kang nelpon
2.      Sebutna identitasmu kanthi cetha
3.      Takonana kaperluane nelppon kanthi basa kang apik lan sopan
4.      Nutup telpon kanthi salam lan matur nuwun

0 Comments:

Post a Comment

Popular Posts