PARAGRAF PERSUASI

Paragraf Persuasi adalah / Yaiku paragraf kang nduweni tujuan kanggo mengaruhi, mbujuk, ngajak utawa ngrayu wong kang maca (bertujuan mempengaruhi pembaca untuk melakukan sesuatu/mengajak), saengga wong kang maca bisa kepengaruh lan melu apa kang dadi gegayuhane penulis.

Tuladhane wara-wara, poster (katakan tidak pada NARKOBA, Hidup sehat tanpa rokok, hutan sahabat kita, hemat energy demi generasi mendatang, praktik pidhato kang gedhe mupangate).

Urut-urutane nulis paragraf persuasi:
1)      Nemtokake tema / topic
2)      Nemtokake tujuan karangan persuasi
3)      Ngumpulake data saka maneka sumber
4)      Nyusun kerangka karangan kang jumbuh karo topik kang dipilih
5)      Ngembangake kerangka dadi karangan persuasi

Bedane paragraf argumentasi karo paragraf persuasi yaiku paragraf argumentasi kang dadi bakune yaiku salah benere gagasan/pendapat. Dene paragraf Persuasingarep-arep supaya pamaos melu karo kekarepane penulis

Tuladha:
PRAKTIK PIDHATO KANG GEDHE MUPANGATE
praktik pidato iku gedhe banget mupangate. saben praktik pidato iku mesthi duweni pengalaman kang paling nyensemake ati. saya kulina anggone praktik pidato, mbuh iku gladhen utawa praktik pidato temenan bakal saya akeh pengalaman batin kang diduweni. saka pengalaman batin mau pamicara nemokake cara - cara pidato sing efektif lan nyenengake. saya akeh daya pikat kang ditemokake lan saya kerep dipraktike, bakal saya akeh pengalaman pamaos.
wis ora mokal maneh yen praktik pidato iku kaya obat kuwat kanggo mangun rasa percaya dhiri. yen rasa percaya dhiri mau wis gedhe, pamicara bisa ngayahi tugas kanthi tenang tanpa ana godha (kaya rasa isin), wedi lan grogi. percaya dhiri mau kang dadi modal pisanan kanggo ngayuh keberhasilan pidato. mula supaya mahir lan trampil pidato, panjengan kudu nglakoni praktik pidato.


PARAGRAF NARASI

Paragraf Narasi Bahasa Jawa utawa Paragraf Narasi Bahasa Jawa yaiku wacana kang nyritakake kadadeyan kang digawe supaya wong kang maca digawe kaya ngalami dhewe kedadeyan kang dicritakake. Uga bisa wacana narasi yaiku karangan sing ngandharake kadadeyan manut urutan wektu (kronologi) ana paraga, latar, lan alur e.

Tuladha narasi: Novel, Cerkak, Dongeng, Roman(kisah percintaan
tuladhane: Romeo and Juliet), Hikayat (cerita hewan tuladhane: Kancil nyolong timun), Biografi, lan kisah pengalaman pribadhi

Urut – urutane nulis wacana narasi:
1.      Nemtokake tema karangan
2.      Nemtokake tujuan karangan
3.      Nglumpukake bahan – bahan karangan bisa adedasar:
-    Adedasar pengalaman pribadi utawa wong liya
-    Adedasar khayalan utawa imajinasi
-    Adedasar kedadeyan lokal, regional, nasional, utawa internasional
4.      Nata rantamaning karangan (membuat runtutan karangan)
-    Nemtokake tujuan kang cetha
-    Ditata kanthi logis lan wajar
5.      Ngembangake rantaman / kerangka karangan
-    Bisa katata kanthi anggathekake lakuning crita/ alur
-    Basa kang dipigunakake.

Tuladha wacana Narasi :
Jam 06.00 esuk Darmi mangkat menyang pasar arep kulakan. Tekan ngisor wit trembesi dicegat Darmo lan dijaluk dhompete. Darmi mbengok, Darmo bingung terus njupuk watu dithuthukake sirahe Darmi. Darmi tiba klenger, dipindhoni dithuthuk watu maneh. Ngerti yen Darmi mati, Darmo mlayu nginggati.

Katingal kanthi jinise wacana Narasi, Wacana Narasi kuwi saged kaperang dadi loro:
a.       Narasi Ekspositoris yaiku wacana narasi kang isine arupa karangan kang sipate nyata.
Tuladhane: Biografi, Autobiografi, kisah pengalaman pribadhi. 
b.      Narasi Sugestifyaiku narasi kang isine arupa karangan kang sipate fiksi utawakhayalan
Tuladhane: Novel, Cerkak, Dongeng,Roman, Hikayat .


TULADHA ATUR LAN TAMPA PASRAH PENGANTEN KAKUNG


 
 CENGKORONGAN SESORAH
PASRAH PENGANTEN UTAWA NAMPA PASRAH PENGANTEN
1.      Salam pambuka
2.      Pakurmatan
3.      Puji syukur marang Gusti Allah
4.      Nepungake dhiri kang sesorah
5.      Atur salam taklim/kawilujengan rombongan pangiring calon manten
6.      Wigatining sedya, yaiku masrahake calon penganten lanang saubarampene.
7.      Pamuji utawa pangarep-arep
8.      Panyuwunan pangapura tumrap kulawarga calon penganten kakung
9.      Panyuwunan pamit (yen mengkone ora ana acara pamitan)
10.  Panutup (panyuwunan pangapura tumrap kang sesorah: masrahake/nampa)
11.  Salam panutup

TULADHA ATUR LAN TAMPA PASRAH PENGANTEN
Atur pasrah penganten kakung

Assalamualaikum. Wr, wb.
Nuwun,
Katentreman miwah karahayon, inggih awit sihing Gusti Ingkang Murbeng Dumadi mugi tansah hamayungana wonten ing madyaning pawiwahan ing siyang/dalu menika. Amin.
Bapa Budi Raharja (paraga panampi pasrah) ingkang dhahat kula bekteni, keparengna kula matur ing ngarsa panjenengan minangka tetalanging atur bapa Slamet basuki (pamengku gati/yg punya hajat) sekaliyan garwa, kados mekaten.
Kapisan, kula kadhawuhan ngaturaken salam taklimipun Bapa Kusama Widodo (besan) dalah garwa, mugi keparenga kaaturaken dhumateng Bapa Slamet Basuki dalah kulawarga. Wondene atur ingkang angka kalih, kula kadhawuhan masrahaken penganten jalu, pun Bagus Handoko, mugi wonten keparengipun kadhaupaken kaliyan Dyah Ayu Nugrahani, putra siwinipun bapa saha ibu Slamet Basuki.
Menggah kalampahanipun tatacara panggihing panganten, sadaya purba lan wasesa kasumanggakaken wonten ngarsanipun Bapa saha Ibu Slamet Basuki, sinartan atur pamuji mugi-mugi sedaya saged kalampahan kanthi lancar tanpa rubeda, pinayungan dening Allah Ingkang Maha Wilasa. Babar pisan atur uninga, bilih sasampunipun rerangkenipun tatacara panggihing panganten sarimbit paripurna, bapa miwah Ibu Kusuma Widodo sapandherek keparengna nyuwun pamit.
Nglenggana namung jejering titih sawantah, boten kesupen Bapa Kusuma Widodo sekaliyan garwa miwah sadaya kulawarga nyuwun agunging pangapunten tumrap sadaya atur miwah subasita ingkang boten ndadosaken renaning penggalih bapa Slamet Basuki sekaliyan garwa, sumrambahipun sadaya kulawarga ing ngriki.
Mekaten ingkang saged kula aturaken ing kalodhangan punika, saha nyuwun pangaksama tumrap sadaya lepating atur miwah muranging trapsila kula. Minangka panutuping atur kula sumangga tansah hasesanti ”sura dira jayaningrat lebur dening pangastuti”
Wassalamu’alaikum wr. Wb.
Nuwun, nuwun, matur nuwun


PIDATO UTAWA KHOTBAH ING BAHASA JAWA

Khotbah yaiku salah sawijine pidato utawa micara ing sangarepe wong akeh kang utamane ngandharake babagan ajaran agama kang migunani kanggo sanguning urip. Lumrahe khotbah katindhakake dening Ulama/Kyai ing sangarepe umat.  
Tanggap wacana/ sesorah / Pidato bahasa Jawa yaiku njlentrehake ide/gagasan sacara lisan kang katujokake marang bebrayan.
Tujuane yaiku kanggo menehi kawruh lan nasehat marang wong kang ngrungokake.
Khotbah umume katindhakake saben jumat nalika nindakake pidato khotbah jumat, sak bubare nindhakake Sholat Idul Fitri lan Idul Adha, pengajian, lsp.

Carane anggone pidato Bahasa Jawa ora nguciwani,
a)Carane nganggo klambi, klambine kudu resik, rapi sopan, lan jumbuh karo kahanane pamireng pidhato iku. Carane nganggo klambi iku kudu bener lan pener. Umamane: peci ora oleh miring, jenis klambi uga nyesuekake karo kahanan pamireng.
b)Carane ngadheg ing podium, sadurunge diwenehi wektu dening wong kang macakake pranata adicara, becike pemicara lungguh ana papan kang rada ndhelik. Aja lungguh ing ngarepe pamireng, amerga penampilane mengko ora duwe daya kejut. Anggone mlaku tinuju podium kudu kanthi lumrah, ora digawe-gawe, sadurunge ngomong, ambegan lan nyawang kabeh para pamirenge kanthi sumringah. Anggone ngadek kanthi jejeg lan aja nyendherake awak ning podium.
c) Carane nyekeli mikrophon, mikropun digoceki kanthi lumrah, aja dolanan kabel utawa nggaya kaya penyanyi ning panggung. Mikropun karo lambe aja nganti kadohan lan uga aja kecedhaken.
d) Carane pidhato
       Cara pidato kuwi ana papat, yaiku:
1.    Ngapalake,
2.    Spontanitas (impromptu),
3.    Njlentrehake/njabarake kerangka pikiran (ekstemporan), lan
4.    kanthi maca naskah.
v Nulis pidhato kuwi kawiwitan saka nilis tema, subtema, banjur nemtokake irah-irahan/judhule pidhato.

Dene Cengkorongan naskah pidato yaiku:
1.      Pambuka, ngemot salam, pakurmatan, syukur marang Allah, lan panuwun
2.      Isi, ngemot bab-bab kang gegayutan karo tema, subtema, lan irah-irahan
3.     Panutup, isine dudutan, pangarep-arep, nyuwun pangapura, lan salam panutup

v Caranengandharake isi pidato iku werna-werna miturut tujuan, kaanan lan pendekatane.
1. Miturut tujuan pidato
a. Pidhato kang Menehi hiburan
b. Pidhato kang Menehi kawruh
c. Pidhato Ajak-ajak
2. Miturut kaanan pidato
 a.  Kaanan resmi
 b.  Kaanan setengah resmi
 c.  Kaanan ora resmi
 d.  Kaanan liya-liyane
3. Miturut pendekatan isi 
    a.  Pendekatan intelektual 
    b.  Pendekatan moral 
    c.  Pendekatan emosional

Pawongan kang tanggap sabda kudu nggatekake:
—  Swara kang teges lan cetha
—  Busana kang cocok karo kapreluane
—  Solah bawa kang prasaja, anteng, manteb lan ora kaku
—  Bisa ngolah basa kanthi becik
  Kajaba iku pawongan kang tanggap sabda kedah gladhen:
Wicara : pocapan kudu teges lan cetha
Wirama: ora kecepeten lan ora kerindhiken
Wirasa : ngerti swasana /kahanan
Wiraga : awake kudu anteng lan mrebawani



Popular Posts