GEGURITAN/ PUISI JAWA

Puisi / Geguritan (Bahasa Jawa) merupakan salah satu bentuk karya sastra yang mengungkapkan sebuah perasaan dan suatu pikiran dari penyair secara imajinatif, tersusun, serta disusun dengan mengonsentrasikan sebuah kekuatan bahasa dengan sebuah struktur fisik dan struktur batinnya. dalam bahasa Jawa Puisi disebut juga dengan Geguritan. pengertian geguritan, ciri-ciri geguritan, bentuk geguritan akan dibahas dalam artikel ini. silahkan dibaca sampai selesai.

 

 

Pengertian puisi/ geguritan dari berbagai pendapat,

 

 

 

1.       Kamus Bahasa Indonesia (2008)

puisi adalah gubahan dalam bahasa yg bentuknya dipilih dan ditata secara cermat sehingga mempertajam kesadaran orang akan pengalaman dan membangkitkan tanggapan khusus lewat penataan bunyi, irama, dan makna khusus.

 

 

2.       Menurut Rahmat Joko Pradopo

Puisi ialah ekspresi pemikiran yang membangkitkan perasaan, ia mampu membangkitkan imajinasi panca indera dalam suasana yang berirama.

 

 

3.       Menurut Shelly Percy Bysshe

Puisi adalah catatan yang terbaik dan saat-saat paling bahagia dari bahagia dan pikiran terbaik.

 

 

4.       Menurut Umberto Eco

Puisi bukanlah masalah perasaan, ini adalah masalah bahasa. Ini adalah bahasa yang menciptakan perasaan.

 

 

5.       Menurut Mark Doty

Puisi adalah penyelidikan, bukan ekspresi dari apa yang anda ketahui.

 

 

6.       Menurut Samuel Johnson

Puisi adalah seni penyatuan kesenangan dengan kebenaran melalui sentuhan imajinasi yang bernalar.

 

 

7.       Menurut Djososuroto

Puisi ialah hal mencari dan melukiskan “yang diidamkan” (the idea). Dengan demikian tujuan isi bukanlah melukiskan kebenaran, melainkan memuja kebenaran dan memberi jiwa suatu gambaran yang lebih indah. Unsur keindahan dalam puisi satu diantaranya adalah rasa.

 

 

8.       Menurut Panuti Sudjiman

Puisi adalah ragam sastra yang bahasanya terikat oleh irama, mantra, dan rima serta penyusunan larik dan bait.

 

 

9.       Menurut Tjahjono

Puisi adalah pembentuk, pembangun atau pembuat, karena memang pada dasarnya dengan menciptakan sebuah puisi maka seorang penyair telah membangun, membuat atau membentuk sebuah dunia baru, secara lahir maupun batin.

 

 

10. Miturut Subalidinata (1994:45)

Puisi / geguritan yaiku iketaning basa kang memper syair. Tembung geguritan asale saka tembung gurita, tembung gurita owah-owahan saka tembung gerita. Tembung geritalinggane gita, tegese tembang utawa syair.

 

 

11. Menurut Balai Pustaka (1994:150)

Puisi adalah gubahan bahasa yang bentuknya dipilih dan ditata secara cermat sehingga mempertajam kesadaran akan pengalaman membangkitkan tanggapan khusus lewat penataan bunyi, irama, dan makna khusus.

 

 

12. Miturut kamus

Puisi utawa geguritan yaiku tembang uran-uran utawa karangan kang pinathok kaya tembang nanging guru gatra, guru wilangan, lan guru lagune ora ajeg.

 

 

 

Manut padhapukane ukara lan pangiketing tembung. Werna-werna araning geguritan iku kaya ing ngisor iki

 

1.      Rong gatra sapada, iku diarani gita dwi gatra.

2.      Telung gatra sapada,diarani gita tri gatra.

3.      Patang gatra sapada,diarani gita catur gatra.

4.      Limang gatra sapada,diarani gita panca gatra.

5.      Nem gatra sapada,diarani gita sad gatra.

6.      Pitung gatra sapada,diarani gita sapta gatra.

7.      Wolu gatra sapada,diarani gita hastha gatra.

8.      Sanga gatra sapada,diarani gita nawa gatra.

9.      Dhapur soneta.

10.  Tanpa tinamtu, diarani gita mardika (syair bebas).

 

 

 

Tetengere Geguritan:

 

1.    Cacahe guru gatra, guru wilangan lan guru lagu ora ditentokake utawa ora kaiket.

2.    Sajake bebas

3.    Wosipun sindiran, kritik, pitutur, piweling, pamundhut, lan sapanunggale

4.    Migunakake tetembungan kang endah

5.    Migunakake purwakanthi basa, swara, lan sastra.

6.    Arang ngganggo tembung pangiket

 

 

 

Unsur intrinsik geguritan:

 

 

1.    Tema, yaiku idhe baku utawa pikiran baku kang dadi dhasare geguritan    

 

 

2.    Diksi (pilihan Kata), yaiku pamilihaning tembung. pamilihaning tembung ing geguritan Kedahipun endah lan anggadhahi wirama sarta rima ingkang sae. Rima menurut Kamus Besar Bahasa Indonesia, Rima merupakan pengulangan bunyi yang berselang, baik di dalam larik sajak maupun pada akhir larik sajak yang berdekatan atau secara singkat, rima ialah pengulangan bunyi dalam kata atau suku kata yang ada dalam puisi. Rima inggih punika pangulangan wiramaing salebeting wanda utawa tembung ing sajroning geguritan.

             

 

3.    Isi/maknaninggeguritan. utawi wosing geguritan inggih punika

     

 

4.    Retorika, yaiku alat kanggo medharake apa kang arep diandharake ana ing geguritan. utawa ketrampilan migunakake basa sacara efektif, gunane kanggo nguripake khayalane pengarang nalika ngarang.

 

 

5.    Tipografi, yaiku wujuding geguritan ana 2:

 

a.     Konvensional, yaiku wujud baku geguritan

 

b.     Inkonvensional, yaiku daya kreatifitasing pengarang geguritan.

     

 

6.    Amanat, yaiku pesen didaktis (mendidik) utawa ajaran moral kang bakal dibabar utawa dijlentrehake pengarang marang wong kang maca.

 

 

7.    Lelewaning basa, yaiku bageyan diksi kang nduweni nilai artistic (keindahan). Lelewaning basa iku perkara kepiye nulis lan migunakake tembung-tembung kanthi endah lan merkarakake cocok orane tembung, frasa, lan klausa kanggo nggambarake kahanan tartamtu.

 

 

8.    Jinising lelewaning basa

 

1)     Metafora, yaiku majas kang mbandingake kalih prekawis kanthi langsung tanpa migunakake tetembungan pambanding. Tuladha:

1. Kula kepingin tepang kaliyan jeng Sri sesekaring kitha Klaten.

2. Aku emoh dadi pethekleking mungsuh, senadyan mlarat, lsp.

 

 

2)     Personifikasi, yaiku majas kang ngumpamakna barang mati dados urip lan nggadhahi sipat kaya dene manungsa. Tuladha:

1. Bumi langit padha nekseni anggone padha prasetya.

2. Blarak ngawe-awe sang putri, lsp.

 

 

3)     Litotes, yaiku mengku sedya ngasorake dhiri Tuladha:

1. Aja dipoyoki lo, tulisanku kaya cekeran pitik.

2. dhi, mampira ning gubugku dhisik.

 

 

4)     Ironi, yaiku majas ingkang gadhahi makna boten sami kaliyan kasunyatan. Tuladha:

1. Ya pinter, ngarani 4x4 ana 8.

2. Becik banget kelakuanmu, gawe gurumu nesu-nesu.

 

 

5)     Hiperbola yaiku majas kang ngluwih-ngluwihake. Tuladha:

1. Swarane ngglegar mbelah langit.

 

 

6)     Alusio, yaiku nyamakake wong kaliyan wong jaman biyen. Tuladha:

1. Dadi sasuwene iki si Hendra dadi durnane ontran-ontran mau.

2. Siti to sing dadi sri kandine desa iki.

 

 

7)     Pleonase/tautology, yaiku nyethakake samukawis kang wis cetha. Tuladha:

1. Aku iki weruh dhewe nganggo mripatku.

2. Kompresan nganggo es anyep.

 

 

8)     Asindenton, yaiku deretan tembung kang sejenis tanpa migunakake tembung konjungsi(penghubung). Tuladha:

1. Saka sasirahe wong, sadhadha, saweteng, sadhengkul,

 

 

9)     Polisindenton, yaiku deretan tembung kang sejenis kang migunakake konjungsi. Tuladha:

1. Ali lan Tomi lan Basri mlayu menyang sekolah.

 

 

10)    Ellipsis, yaiku majas kang ana pelepasan tembung/mbuang sa unsur ing ukara. Tuladha:

1. Jalma sami nguwuh ( na )

 

 

11)    Sarkasme, yaiku sindiran kasar. Tuladha:

1. Kowe diakali kancamu ngono kok, Dhi. Bodhomu kaya kebo mengkono.

2. isamu mung mangan turu, pegaweyan wae ora gelem.

 

 

12)    Metonimia, yaiku nyebatake nama merk kanggo nama barang. Tuladha:

1. Ora katon “Honda” ing plataran, apa Anto wis lunga?

2. bapakku ora sida nyepur, arep nitih BMW wae.

 

 

13)    Sinekdoke, yaiku ana 2.

a. Sebageyan kanggo sedaya (pas prototo)tuladha:

1.  saben gundhul diregani sepuluh ewu.

 

b. sedaya kangge sebageyan (totem proparte)tuladha:

1. tanggal 1 maret 1949 mbaarengi swara sirine kutha ngayogyakarta geger.

 

 

14)    14)  Simile, yaiku madhakna wong karo barang kanthi jelas. Tuladha:

1. Wong kok anteng banget kaya reca.

2. Wong kok mondar-mandir kaya setrika.

 

 

 

     Tuladha geguritan Jawa

 

Nalika Gunung-Gunung Neges

 

                                                        Dening: Budhi Setyawan

 

Gunung-gunung kang padha pating jenggeleg

Aweh pitakon marang wit-witan ana sawah lan tegalan

Wit pari, tela, jagung, kacang, padha ora bissa jawab

Amerga padha ora ngerti apa makna pitakone gunung

Apa sebabe gunung didhuwurke

Luwih tinimbang panggonan liyane ing jagad

Kepara nganti ngaras langit

Pitakon kang angel dijawab

Angin wae ora ngerti

Apa maneh sato kewan lan para manungsa

Sing bisa mangerti amung barang kang

Kasimpen ing dasar bumi, kang ora kasat mripat

Tansah anteng lan ajeg

Ngangsu banyu ngliwati wot rambut kang dibelah pitu

Mbok menawa gunung-gunung kuwi

Kanggo ancik-ancik para satriya

Nggoleki sukmane kang mabur

Digawa para bidadari

 

 

                                    (Kapetik saka : Kalawarti Damarjati)

 

 

 

 

 

 

Popular Posts