Tuladha layang pribadhi

Tuladha layang pribadhi
Katur dhumateng
Bapa saha Ibu Sucipto
Ing dalem
            Sembah sungkem,
Keparenga ngaturi priksa bilih kawontenen kula ing Semarang tansah pinaringan wilujeng. Mugi-mugi Bapak saha Ibu ind dalem ugi mekaten.
Kajawi menika kula badhe matur bilih sekolah ngadhani program ngawontenaken widyawisata benjing tanggal 19 september 2010. Papan panggenen ingkang badhe dipuntuju inggih punika Keraton Surakarta Hadiningrat saha Museum Radyapustaka. dene wragadipun kirang langkung Rp. 500.000,00
(gangsalatus ewu rupiyah) kaliyan dipuntambah kangge sangu. Miturut Ibu wali kelas, ragad kasebat kedah sampun kabayar tanggal 10 september 2010. Pramila keparenga Bapak tuwin Ibu paring kintunan arta kangge nyekapi kabetahan menika.
Wasana cekap semanten lan bok bilih wonten klenta-klentunipun atur, ingkang putra nyuwun agunging pangapunten.

Semarang, 15 Agustus 2010
Ingkang putra



Fitriana

0 Comments:

Post a Comment

Popular Posts