ULANGAN UMUM SEMESTER GASAL KELAS XI MA/SMA Th PELAJARAN 2013/2014



YAYASAN PENDIDIKAN ISLAM (YPI)
ULANGAN UMUM SEMESTER GASAL MADRASAH ALIYAH
TAHUN PELAJARAN 2013/2014
Mata Pelajaran            : Bahasa Jawa                                       Hari/tanggal    : Ahad, 1 Desember 2013
Kelas                           : XI (sebelas)                                       Waktu             : 10.45 – 12.00 WIB
I.      Wenehana tandha ping (x) ing aksara a, b, c, d, utawa e ing jawaban kang paling bener!


1.    Khotbah iku salah sawijining micara ana ing sangarepe wong akeh kang handuweni tujuan …


a.       Menehi sesuluh marang pamiarsa
b.      Menehi tanggapan marang pamiarsa
c.       Nglatih kawanenan kanggo para pamiarsa
d.      Minangka profesi
e.       Menehi kawruh lan nasehat marang wong kang ngrungokake


2.    Pidhato kang cak-cakane pamicara migunakake cengkorongan bakune rembug, diarani migunakake methode ...


a.       Cara naskah
b.      Cara apalan
c.       Cara ekstemporan
d.      Cara spontanitas
e.       Cara campuran


3.    Para rawuh ingkang dipunmulyakaken dening Allah SWT, mangga sami ngonjukaken puji syukur dhumateng ngarsanipun Gusti Kang Maha Kuwaos….”
Pethikan ing dhuwur kalebu …. ana ing khotbah. Isian kang trep kanggo ceceg-ceceg yaiku...


a.       Pambuka
b.      Kesimpulan
c.       Surasa
d.      Panutup
e.       Isi


4.    Sedaya puja-puji syukur (1) tercurah (2) di hadapan Gusti Allah Ingkang Maha Agung, awit kita sedaya sampun saged (3) berkumpul ing papan panggenan mriki saperlu angadani (4) pertemuan mudha-mudhi....
Tembung Jawa kang pener kanggo nyalini tembung-tembung Indonesia ing andharan dhuwur yaiku ..
a.       (1) konjuk, (2) ing ngarsanipun, (3) makempal, (4) pepanggihan
b.      (1) konjuk, (2) ing hadapipun, (3) makempal, (4) pepanggihan
c.       (1) konjuk, (2) ing ngarsanipun, (3) ngumpul, (4) patemon
d.      (1) katur, (2) ing wekdal, (3) makempal, (4) patemon
e.       (1) katur, (2) ing ngajengipun, (3) makempal, (4) patemon
5.    Unggah-ungguh, mloka-mlaku, lunggah-lungguh , diarani tembung ...


a.       Dwilingga salin swara
b.      Dwilingga padha swara
c.       Dwilingga semu
d.      Dwi purwa
e.       Dwilingga


6.    Ing ngisor iki kang kalebu tembung camboran tugel yaiku ...


a.       Nagasari
b.      Thongpes
c.       Rajalele
d.      Rajakaya
e.       Semarmendem


7.    Ukara pitakon kang santun kang katujokake marang narasumber yaiku…
a.       Panjenengan sadar punapa boten kaliyan ingkang panjenengan ngendikakaken?
b.      Punapa informasi saking panjenengan saged dipunpitados?
c.       Pangandikan panjenengan punika saged dipuncepeng punapa boten?
d.      Miturut panjenengan, punapa kinten-kinten ingkang nyebabaken prastawa punika?
e.       Miturut pamanggih kula Bapak dereng cocog nyepeng prekawis punika
8.    Gatekna ukara-ukara ing ngisor iki!


1)      Nemtokake tujuan wawancara
2)      Nemtokake sapa narasumbere
3)      Gawe janji karo narasumber
4)      Nemtokake topic wawancara
5)      Nyiapake pitakon-pitakon


Urutan utawa langkah-langkah kang bener sadurunge nindhakake wawancara yaiku…


a.       4-1-2-5-3
b.      4-1-2-3-5
c.       4-5-1-2-3
d.      4-5-2-1-3
e.       4-1-5-2-3


Wacanen pachelaton wawancara ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakon angka 9-11!
Wartawan                        :”Punapa ingkang dados latar belakangipun panjenengan nyerat buku punika?”
Narasumber         :”Amargi kula tertarik kaliyan kagunan wayang wong kang sampun mboten nggadhahi kawigatosan saking masyarakat.”
Wartawan            :”Pangajab punapa ingkang panjenengan suwun sesampunipun para khalayak maos buku panjenengan?”
Narasumber         :”Supados kagungan wayang wong tansah saged dipunlestarikaken dening para mudha lan pikanthuk kawigatosan ingkang samesthinipun.”
9.    Pethikan wawancara ing dhuwur, kang dadi narasumber handuweni pakaryan…


a.       Pemain wayang
b.      Dhalang
c.       Penulis buku
d.      Seniman
e.       Guru


10.    Narasumber ana ing wawancara iku njlentrehake babagan…


a.       Kasusastran Jawa
b.      Penerbitan buku Jawa
c.       Proses penulisan buku
d.      Kelestarian budaya Jawa
e.       Pagelaran wayang wong


11.    Wawancara ing dhuwur migunakake basa…


a.       Jawa
b.      Ngoko
c.       Ngoko alus
d.      Krama
e.       Krama inggil


Wacanan ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakonan angka 12-13!


”Sinau basa Jawa kudune nyakup kawasisan babagan wicara, ngrungokake, maca lan nulis. Patang kawasisan iku manunggal ananging bisa dirembug siji baka siji. Awit tebane rembug amba banget lan antarane siji lan sijine duwe ciri dhewe-dhewe.”
12.    Paragrap ing dhuwur migunakake pola pengembangan…


a.       Induktif
b.   Informatif
c.   Persuasif
d.   Diskripsi
e.   Deduktif


13.    Kang dadi ukara panjelase paragrap ing dhuwur yaiku, kajaba...
a.       Patang kawasisan iku manunggal ananging bisa dirembug siji baka siji.
b.      Sinau basa Jawa kudune nyakup kawasisan babagan wicara, ngrungokake, maca lan nulis.
c.       Awit tebane rembug amba banget lan antarane siji lan sijine duwe ciri dhewe-dhewe.
d.      Sinau basa Jawa iku angel banget ing jaman saiki.
e.       Awit tebane rembug amba banget.


14.    Miturut prenahe ukara baku, jinise paragrap iku ana loro, yaiku…


a.       Diskripsi lan induksi
b.      Diskripsi lan persuasi
c.       Deduktif lan induktif
d.      Deduktif lan narasi
e.       Induktif lan diskripsi


15.    Ukara kang dadi ukara tambahan ana ing paragraf kang biasane menehi katrangan tambahan ukara pokok diarani ...


a.       Ukara sambawa
b.      Ukara prentah
c.       Ukara panjlentreh
d.      Ukara pokok
e.       Ukara tanduk


16.    Tembung panyambung kang adhakane kanggo nelakake paragraf induktif kaya kacetha ing ngisor iki, kajaba ...


a.         yaiku
b.        mula
c.       kanthi mangkono
d.      wusana
e.       mula saka iku


17.    Surasa basa yaiku perangan layang kang nelakake/ngandharake babagan…
a.       Tandha tangane sing ngirim layang
b.      Unggah ungguhing basa sing ngirim layang
c.       Jenenge sing nGirim layang
d.      Apa wae sing prelu dikabarake marang sing dikirimi layang
e.       Tanggal penulisane laying
18.    Perangane layang kang nelakake unggah-ungguhingbasa sing kirim layang diarani…


a.       Paprenah
b.      Surasa basa
c.       Wasana basa
d.      Adangiyah
e.       Papan lan titi mangsa


19.    Lumantar serat punika ingkang purta matur bilih kawilujengan kula wonten ngriki sae kemawon.
Ukara ing dhuwur mujudake perangan ...... ing layang pribadhi.


a.       Surasa basa
b.      Purwaka basa
c.       Adangiyah
d.      Wasana basa
e.       Paprenah


Gatekna perangane layang ing ngisor iki!
Katur dhumateng
Bapa saha Ibu Sucipto
Ing dalem
20.    Perangan layang ing dhuwur diarani…


a.       Satata basa
b.      Surasa basa
c.       Wasana basa
d.      Paprenah
e.       Purwaka basa


21.    Kula badhe ...... dhateng Surabayadene Ibu sampun .......dhateng kantor.
Tembung kang trep kanggo njangkepi ukara ing dhuwuryaiku …


a.       tindak, tindak
b.      kesah, tindak
c.       tindak, kesah
d.      lunga, kesah
e.       lunga, tindak


22.    Pak yen sida …... Solo, ...... Bis wae. Tembung kang trep kanggo njangkepi ukara iku yaiku …


a.       lunga, numpak
b.      lunga, nitih
c.       tindak, numpak
d.      tindak, nitih
e.       menyang, numpak


23.    Pak Erie    : “Lha ana apa kok ndadak goleki Bu Ru’yah?
Catra        : ”Kula dikongkon Ibu maringaken serat kanggo Bu Ru’yah”.
Pethilan pacelathon ing dhuwur dadi bener manut unggah-ungguh basa Jawa yen ukarane diganti ...
a.       Kula dikongkon Ibu menehake serat kanggo Bu Ru’yah.
b.      Kula diutus Ibu menehake serat kagem Bu Ru’yah.
c.       Aku dipunutus Ibu ngaturaken serat kanggo Bu Ru’yah.
d.      Aku diutus ngaturaken serat kagem Bu Ru’yah.
e.       Kula dipunutus Ibu ngaturaken serat kagem Bu Ru’yah.
24.    ”Punapa panjenengan sampun pirsa bilih Pak dhe gerah?
Ukara ing dhuwur kalebu basa ...


a.       Krama inggil
b.      Krama alus
c.       Ngoko alus
d.      Ngoko lugu
e.       a lan b bener


25.    (1) afusdisik¿
(2) kuliteaix=
(3) fºiji[nNkepiris¿
(4) pnJlu[kKsri


Panulisan tembung andhahan mawa aksara Jawa kang bener yaiku ....


a.       1 dan 2
b.      2 dan 3
c.       3 dan 4
d.      1 dan 4
e.       2 dan 4


26.    Ässik=kpi=[woluyaikussi...


a.       juli
b.      se[pTmBe/
c.       agusÃ’|s¿
d.      jnuwri
e.       [f[smBe/



27.    ÄphlwnWnitskbumijepryaiku...


a.       k/[to[no
b.      k/tini
c.       cut¿n-kFiyen¿
d.      sufi/mn¿
e.       k/tik


28.    ?ppri[zgusTimin=kamnhmilkefhkits-ukuri.
Manut ukara ing dhuwur, peparingane Gusti kedah kita ...


a.       jagi
b.      syukuri
c.       rumati
d.      ginakaken
e.       leksanakaken



Wacana kanggo mangsuli pitakonan nomor 29 – 32!
                                                             gu[gonÃ’|[ao n\
?gu[gonÒ|[aonYaikukpe/cynK=fifuweni[w=ojwmr=s[w[nai=bbHutwpºkrk=[aortinemunl/,tumºpe[w=ojwk=pe/cyautwznFelTnShfuwerswsSumel=mnw[aorbisv]nniautwvemBfnip]krk=fia=gpHmBebyniaiku,gu[gonÒ|[aonHs[lsktemB|=gugu[f[ntu[aonHs[lsktemB|=tuau,gu[gonÒ|[aonHikufibefkK[kffi;3;[prznYaikugu[gonÒ|[aonSlugu,gu[gonÒ|[aonHisiwsitsinnFi,lnG|[gonÒ|[aonK=kXbuwewle/.
29.    Irah-irahan ing dhuwur yaiku ...


a.       Urip bebrayan
b.      Guguna tuhu
c.       Gugon tuhon 
d.      Tahu tempe
e.       Gugon tuhan


30.    Manut ing wacan dhuwur kang diarani gugon tuhon yaiku ...
a.       Samubarang kang bisa nyembadani prakara
b.      Kapercayan wong Jawa marang sawenehing bab
c.       Samubarang sing gawe rasa was sumelang
d.      Kanggo pengajarane wong Jawa
e.       Samubarang kang bisa digugu lan dituhoni dening wong Jawa
31.    Jinis-jinising gugon tuhon kaya kang kasebut ing ngisor iki, kajaba...


a.       Gugon tuhon kalebu wewaler
b.      Gugon tuhon amurwa kala
c.       Gugon tuhon salugu
d.      Gugon tuhon isi wasita sinandi
e.       a,b,c,d salah kabeh


32.    Manut wacan ing ukara dhuwur, gugon tuhon kaperang dadi ...


a.       2
b.      5
c.       3
d.      1
e.       4


33.    ?rujkCizu/pefesTennRs[n. cacahe sandhangan ana pira….?


a.       3
b.      5
c.       6
d.      8
e.       9




34.    Pangeran Diponegoro saka Jawa Tengah. Yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku ....
a.       ?pzernFi[pone[go[roai=jwtezh.
b.      ?p[zrnFi[pone[go[roskjtitezh.
c.       ?pzernFi[pone[go[rofrijtitezh.
d.      ?p[zrnFi[pone[go[roskjwtezh.
e.       ?pzernFi[pone[go[roskjwtezh.
35.    Aksara Rekan iku cacahe ana pira .....


a.       4
b.      5
c.       6
d.      8
e.       20


36.    Titikake geguritan kang kayata ing ngisor iki, kajaba....


a.       Isi geguritan mentes
b.      Sajak pungkasan bebas
c.       Tetembungane pinilih
d.      Cacahe larik di temtokake
e.       Arang migunakake tembung pangiket


Kanggo mangsuli pitakon angka 37-39!
Nyawang segara
(Dening: Anita Retno Larasati)
Sore-sore nyawang segara
Ana srengenge katon adus
Ning jumantara kulon kana
Dikancani iwak lan bulus
     Aku banjur melu adus
     Karo nglangi kaya putri duyung
Nanging ora ana iwak lan bulus
Mung ombak gulung gumulung
Nyawang segara
Katon ayang-ayang negara
Saya peteng
Saya ireng
37.    Geguritan ing dhuwur kalebu jinising geguritan ....


a.       Langsung
b.      Kuna
c.       Modern
d.      Mudha-mudhi
e.       Macapat


38.    Tema utawa topik ana ing geguritan ing dhuwur yaiku ...


a.       Pendhidhikan
b.      Asmara
c.       Kasenengan
d.      Kaendahan
e.       Kasedihan


39.    Gatra kang kaping pira kang nuduhake majas personifikasi ....


a.       1
b.      2
c.       3
d.      5
e.       10


40.    Wong kok anteng kaya reca.
Ukara ing dhuwur diarani majas…


a.       Personifikasi
b.      Ironi
c.       Simile
d.      Hiperbola
e.    Tautology/pleonasme







YAYASAN PENDIDIKAN ISLAM (YPI)
ULANGAN UMUM SEMESTER GASAL MADRASAH ALIYAH
TAHUN PELAJARAN 2013/2014

KUNCI JAWABAN KELAS XI (sebelas)
I.


1
E
2
C
3
A
4
A
5
A
6
B
7
D
8
E
9
C
10
D
11
C
12
E
13
E
14
C
15
C
16
A
17
D
18
D
19
B
20
A
21
B
22
D
23
E
24
E
25
C
26
C
27
B
28
B
29
C
30
B
31
B
32
C
33
D
34
D
35
B
36
D
37
C
38
E
39
B
40
C








0 Comments:

Post a Comment

Popular Posts