TULADHA PANATA ADICARA



Sih rahmat tentrem rahayu karana peparingipun Gusti ingkang murbeng dumadi tansah tumedhak lan tumanduk ing jiwangga panjenengan sedaya dalah kula waridin sagung dumadi.
Assalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh
Nuwun,
Para sepuh, pinisepuh ingkang tansah kinarbekten,
Para bapak saha ibu ingkang kawula kurmati. Sumawana mudha-mudhi ingkang karoban ing raos bagya..
Langkung rumiyin sumangga panjenengan dalasan kula ngaturaken pudji syukur dhumateng ngarsaning Gusti Ingkang Maha Agung ingkang sampun paring pangayoman miwah panjangkung, satemah ing kalodhangan punika panjenengan dalasan kula saged makempal manunggal kanthi raos bagya mulya, kalis ing sambekala.

Boten kesupen shalawat saha salam katur kunjuk junjungan kita Nabi Agung Muhammad SAW, para ahli kulawarga saha saderekipun ingkang dipunwantu – wantu syafaatipun.
Para bapak saha ibu ingkang kawula kurmati. Sumawana mudha-mudhi ingkang karoban ing raos bagya.
Sakderengipun adicara ing dinten punika dipunwiwiti, kula minangka paniti adicara badhe maosaken rantamaning adicara:
1.   Pambuka
2.   Sambutan Ketua Panitia
3.   ................................
4.   Wosing gati
5.   Hastungkara
6.   Panutup
Adicara ingkang sepisan inggih punika pambuka, mangga dipunbikak sareng-sareng mawi maos Surat Al-Fatihah sesarengan. ‘Alaahadiniyah, Al Fatihah….
            Matur nuwun kula aturaken dhateng para rawuh sedaya ingkang sampun kersa mbikak adicara ing wekdal menika, mugi-mugi kanthi waosan punika adicara saged kalampahan kanthi sae dumugi purwakaning adicara.
Adicara ingkang kaping kalih inggih punika sambutan saking sesepuh panitia, ingkang badhe dipunaturaken dening sedherek .......... Dhateng panjenenganipun sederek .......... kula aturi jengkar saking sasana pilenggahan dumugi wonten ing sasana tegak pada, sumangga.
Matur nuwun dhumateng sederek ..... ingkang sampun kersa paring sambutan. Mugi-mugi adicara punika saget kalaksanan kados menapa ingkang dipunpikajengaken dening para panitya pengetan dinten sumpah pemudha.
Adicara ingkang angka tiga inggih punika wosing gati ingkang badhe dipunaturaken dening Bapa ........... Dhateng panjenenganipun Bapa ...... kula aturi jengkar saking sasana pilenggahan dumugi wonten ing sasana tegak pada, sumangga..
Matur nuwun Bapa ........ ingkang sampun kersa paring ngelmu saha pitedhah kangge kita sedaya, mugi-mugi panjenengan saha kula saged mendhet wosing atur saking Bapa ...............

...............................................
.
Ndhungkap adicara salajengipun, inggih punika Adicara ingkang kaping sekawan inggih punika panutup. Minangka pungkasaning atur, hambok bilih wonten kuciwaning basa krami anggen kula nampi menggah rawuh panjenengan sami. Inggih ingkang saking nata palenggahan, atur pasugatan, punapa dene wonten atur leladi kawula ingkang kirang mranani ing penggalih nyuwun lumunturing sih samodra pangaksami. Semanten ugi, kula minangka talanging basa mbok bilih wonten keladuking patrap lan pangucap tuna dungkap ing paramasastra ingkang boten anuju prana kawula nyuwun lumunturing sih samodra pangaksami.
Sumangga adicara ing wekdal punika kita tutup kanthi waosan Hamdallah sesarengan. Alhamdulillahirabbil’aalamin..

0 Comments:

Post a Comment

Popular Posts