PIDHATO BASA JAWA TEMA SUMPAH PEMUDHA



Sih rahmat tentrem rahayu karana peparingipun Gusti ingkang murbeng dumadi tansah tumedhak lan tumanduk ing jiwangga panjenengan sedaya dalah kula waridin sagung dumadi.
Assalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh
Nuwun,
Para sepuh, pinisepuh ingkang tansah kinarbekten,
Para bapak saha ibu ingkang kawula kurmati. Sumawana mudha-mudhi ingkang karoban ing raos bagya..
Langkung rumiyin sumangga panjenengan dalasan kula ngaturaken pudji syukur dhumateng ngarsaning Gusti Ingkang Maha Agung ingkang sampun paring pangayoman miwah panjangkung, satemah ing kalodhangan punika panjenengan dalasan kula saged makempal manunggal kanthi raos bagya mulya, kalis ing sambekala.
Para bapak saha ibu ingkang kawula kurmati. Sumawana mudha-mudhi
ingkang karoban ing raos bagya.. Ing dinten punika, Surya Kaping 28 Oktober 2013 panjenengan dalasan kula mengeti dinten sakral kangge bangsa Indonesia inggih punika dinten sumpah pemuda. Dinten sumpah pemuda punika nedhahaken dhateng sedaya bangsa bilih bangsa indonesia punika bangsa ingkang anggadahi semangat juang, semangat nyawiji Bhineka Tunggal Ika, samanta merdeka lan dados bangsa ingkang Ngadeg jejeg.
Wondene wosipun sumpah pemuda inggih punika:
1.   Kami putra dan putri Indonesia mengaku berbangsa satu, bangsa indonesia
2.   Kami putra dan putri indonesia mengakubertumpah darah satu, tanah air Indonesia
3.   Kami putra dan putri Indonesia menjunjung tinggi bahasa persatuan bahasa indonesia
wosipun sumpah saha janji punika wajid kita lestantunaken kagem mawujudaken cita-cita kamardikan ingkang makmur adil saha tentrem.
Pramila mangga panjenengan dalasan kula mliginipun para mudha lan mudhi kedah anggadahi semangat anggenipun sinau lan tepa selira marang sanes supados Bangsa Indonesia saged ngadeng jejeg lan nyawiji.
Kagge mengeti dinten sumpah pemuda punika mliginipun para mudha lan mudhi ingkang dados wakiling bangsa kedah nyipaken diri lan saged nyaring budaya ingkang negatif saking bangsa sanes ingkang sampun sumebar ing bangsa Indonesia. Ampun kepingin dipunsebat Gaul, saengga para mudha lan mudhi sedaya sami tawuran, narkoba, lan sapanunggalanipun.
Para mudha mudhi ingkang kawula tresnani kangge mengeti sumpah pemudha bok bilih kita minangka pelajar/murid, kita wajib semangat saha mempeng anggenipun sinau saha nggayuh prestasi. Lan minangka pemuda kita kedah semangat lan sregep anggenipun nyambut damel ngsisi pembangunan kanthi babagan ingkang positip.
Punika ingkang saged kawula aturaken ngengingi babagan sumpah pemuda. Mugya bangsa Indonesia saged nyawiji kados dene sesantinipun inggih punika Bhinneka Tunggal Ika. Mugi-Mugi Bangsa Indonesia dados Bangsa ingkang Makmur adil saha tentrem.( Amin)
Santen parutan klapa,Cekap semanten atur kula
Numpak sepur nggawa tali, Mbok bilih wonten klentunipun atur kula nyuwun agunging Pangaksami
Wassalamualaikum Wr.Wb.

TULADHA PANATA ADICARA



Sih rahmat tentrem rahayu karana peparingipun Gusti ingkang murbeng dumadi tansah tumedhak lan tumanduk ing jiwangga panjenengan sedaya dalah kula waridin sagung dumadi.
Assalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh
Nuwun,
Para sepuh, pinisepuh ingkang tansah kinarbekten,
Para bapak saha ibu ingkang kawula kurmati. Sumawana mudha-mudhi ingkang karoban ing raos bagya..
Langkung rumiyin sumangga panjenengan dalasan kula ngaturaken pudji syukur dhumateng ngarsaning Gusti Ingkang Maha Agung ingkang sampun paring pangayoman miwah panjangkung, satemah ing kalodhangan punika panjenengan dalasan kula saged makempal manunggal kanthi raos bagya mulya, kalis ing sambekala.

Boten kesupen shalawat saha salam katur kunjuk junjungan kita Nabi Agung Muhammad SAW, para ahli kulawarga saha saderekipun ingkang dipunwantu – wantu syafaatipun.
Para bapak saha ibu ingkang kawula kurmati. Sumawana mudha-mudhi ingkang karoban ing raos bagya.
Sakderengipun adicara ing dinten punika dipunwiwiti, kula minangka paniti adicara badhe maosaken rantamaning adicara:
1.   Pambuka
2.   Sambutan Ketua Panitia
3.   ................................
4.   Wosing gati
5.   Hastungkara
6.   Panutup
Adicara ingkang sepisan inggih punika pambuka, mangga dipunbikak sareng-sareng mawi maos Surat Al-Fatihah sesarengan. ‘Alaahadiniyah, Al Fatihah….
            Matur nuwun kula aturaken dhateng para rawuh sedaya ingkang sampun kersa mbikak adicara ing wekdal menika, mugi-mugi kanthi waosan punika adicara saged kalampahan kanthi sae dumugi purwakaning adicara.
Adicara ingkang kaping kalih inggih punika sambutan saking sesepuh panitia, ingkang badhe dipunaturaken dening sedherek .......... Dhateng panjenenganipun sederek .......... kula aturi jengkar saking sasana pilenggahan dumugi wonten ing sasana tegak pada, sumangga.
Matur nuwun dhumateng sederek ..... ingkang sampun kersa paring sambutan. Mugi-mugi adicara punika saget kalaksanan kados menapa ingkang dipunpikajengaken dening para panitya pengetan dinten sumpah pemudha.
Adicara ingkang angka tiga inggih punika wosing gati ingkang badhe dipunaturaken dening Bapa ........... Dhateng panjenenganipun Bapa ...... kula aturi jengkar saking sasana pilenggahan dumugi wonten ing sasana tegak pada, sumangga..
Matur nuwun Bapa ........ ingkang sampun kersa paring ngelmu saha pitedhah kangge kita sedaya, mugi-mugi panjenengan saha kula saged mendhet wosing atur saking Bapa ...............

...............................................
.
Ndhungkap adicara salajengipun, inggih punika Adicara ingkang kaping sekawan inggih punika panutup. Minangka pungkasaning atur, hambok bilih wonten kuciwaning basa krami anggen kula nampi menggah rawuh panjenengan sami. Inggih ingkang saking nata palenggahan, atur pasugatan, punapa dene wonten atur leladi kawula ingkang kirang mranani ing penggalih nyuwun lumunturing sih samodra pangaksami. Semanten ugi, kula minangka talanging basa mbok bilih wonten keladuking patrap lan pangucap tuna dungkap ing paramasastra ingkang boten anuju prana kawula nyuwun lumunturing sih samodra pangaksami.
Sumangga adicara ing wekdal punika kita tutup kanthi waosan Hamdallah sesarengan. Alhamdulillahirabbil’aalamin..

Popular Posts