CERITA PENGALAMAN PRIBADHI

Bilu tau pinter durung nglakoni, tegese wong pinter iku isih kalah karo wong pengalaman. Tetembungan iku bener. Jalaran neglmune wong pinter iku kadhang kala durung diuji ana iing praktik urip ing saben dinane. Nanging manawa pengalaman iku wis diuji., katindhakake ana ing panguripan. Ngrungokake pengalamane wong liya iku penting sebab kanthi cara ngrungokake crita awake dhewe bisa oleh pengalaman kang anyar. Utawa oleh panglipur kang murah. Kadhang kala bisa nukulake empati marang wong kang krungo lan maca. Umpanane rasa welas, trunyuh, lsp. Pengalaman mau bisa saka bener sing dialami dhewe lan uga bisa dialami saka critane wong liya.
Wong sing pinter crita iku antarane nggunakake :
1.      Basa sing digunakake pas utawa prasaja ora nganggo tetembungan kang angel dimangerteni wong sing ngrungokake utawa sing maca.
2.      Kudu paham marang bab urut-urutane crita kang mapan ing kono
3.      Bisa migunakake barang kanggo nggampangake olehe carita.
4.      Nyarira utawa trep marang wewatake para paragane.
5.      Aja grusa-grusu ngrampungake carita, lsp.
Crita yaiku Tuturan kang mratelakake maneka warni kedadosan yaiku arupi kedadosan kang kasunyatan utawi mung rekaan.
PENGALAMAN yaiku sawijining prastawa kang wis dialami.
PENGALAMAN LUCU yaiku kedadeyan kang nyata wis dialami paraga lan saged andadosake wong kang maca utawa ngrungokna dadi ngguyu (gumujeng)
Tata cara nyritakake pengalaman :
  1. Nulis pengalaman sing wis dilakoni yaiku diwiwiti kanti prolog/purwaka/pangiring
  2. Diwaca maneh supaya yen owah-owahan bisa ditambah utawa dikurangi
  3. Katulis kanthi runtut lan panulisane sing bener lan trep diksine
  4. Nyritakake  kanthi runtut miturut apa sing tinulis kanti ekspresi kang trep.
 DHAGELAN
Uga crita lucu nanging critane dirancang dhisik (nganggo  skenario),   lakone (tokohe) nyinau rancangan crita, terus njarag gawe lucu, kalamangsane nganggo selingan musik / gamelan.
 Tuladha Cerita Lucu
RINGTON ANYAR
Kadadeyane wis sesasi kepungkur. Wektu iku kancaku, Eni kang menawa ing kos-kosan kerep ngentut nganti dijuluki ”Ratu Ngentut”. Dheweke lagi mimpin rapat wulanan organisasi kampus. Lagi wae rapat diwiwiti lan anggotane padha konsentrasi ngrungokake, ndelalah keprungu swara preeeet ...epreeet ... preeeet .....
            Spontan Ali nyaut, ”Rington HP ne sapa ya.... kok keren?” sakalan kanca-kanca liyane padha ngguyu.
            Karo ngguya-ngguyu Eni nyaut, ”Aku, sapurane ya, cah! Aku ora tahan maneh.”
Rapat sing maune adem-ayem dadi rame. Kabeh padha ngguyu kemekelen amarga swara mau.
”Mbok download neng endi kok swarane beda karo umume…?” pitakone kanca-kanca. Sakala praupane Eni abang ireng amarga isin.
            Yen kelingan kadadeyan kuwi aku ngguyu dhewe, mosok ana ringtone HP kok swarane .... preeeet .... epreeeet .... preeeeet .....!
Halimatus Sadiyah Jl. Lidah Wetan Gg. 3/8 D Surabaya

0 Comments:

Post a Comment

Popular Posts