CERITA RAKYAT


Ngrungokake Cerita Rakyat

Ngrungokake cerita rakyat kalebu jenis ngrungokake apresiatif. Tegese sabubare kita ngrungokake cerita cekak kang wus diwacakake mesthi bakal ngapresiasi, nggoleki teges/makna cerkak mau sawutuhe kanthi miling-milingi kepriye watake tokoh-tokoh, latare lan sapanunggalane.
            
Crita rakyat yaiku crita sing wis sumebar ing masyarakat. Kang cacahe ora bisa kapetung, kala mangsane ora bisa digoleki sapa sing nganggit. Yen kowe nate nemokake jenenge penulis ing sangisore crita rakyat  mau, sejatine among penulis kang nyritakake maneh crita rakyat kang wus ana ing masyarakat.
           
Crita rakyat mbuh kepiye asal mulane, bisa kaweruhi nganti seprene amerga kadongengake liwat lathi menyang lathi, run tumurun saka mbah buyut tekan sanak putune. Mula saka kuwi crita-crita kayadene dongeng sadurunge mapan turu mau banjur kaarani crita rakyat, yaiku crita sing dianggep duweke rakyat, sing nganggit rakyat, lan dicritakake kanggo rakyat.

Ciri-ciri kang bisa dipethik saka crita- crita rakyat kang ana, kayata:
1.      Anonim, ora diweruhi sapa sejatine sing nganggit.
2.      Minangka karya kolektif, dianggep duweke rakyat bareng-bareng.
3.      Nyritakake bab ala lan bener kanggo tuladha.
4.      Nggambarake kedadeyan-kedadeyan kang mokal anane (imajiner)
5.      Statis, tetep, ora ana owah-owahan sing wigati saka jaman menyang jaman.

Unsur-unsur cerita rakyat.

Crita rakyat iku duweni unsure-unsur kang bisa disinau kanggo nemokake tegese. Unsur-unsur sing bisa ditemokake ana ing sajroning crita kasebut unsure intrinsik. Unsur intrinsic cerita rakyat, kayata:
1.      Tema, yaiku bab kang dadi dhasaring crita. Tegese sawijining prakara kang diangkat lan dijabarake ana ing saperangan gedhe pokok masalah crita. Kayata: legenda (asal usul daerah), fable (cerita kewan), crita dewa-dewi, lsp.
2.      Tokoh, yaiku sawijining paraga ing salebeting crita. Paraga/lakon ing sajroning carita nduweni watak (prilaku). Jinising paraga:
a.       Protagonis(tokoh baik) , yaiku paraga kang duweni watak apik, patriotic, tumindake bener lan pener.
b.      Antagonis(tokoh jahat), yaiku paraga kang duweni sipat jahat, kasar, lsp.
c.       Tirtagonis, yaiku paraga tambahan, utawa paraga kang mbiyantu protagonis lan antagonis.
3.      Latar,yaiku minangka katrangan kang nuduhake panggon-panggon lan uga titi mangsa/wayah dumadine kadadeyan-kadadeyan kang ana ing carita.
4.      Alur, yaiku Pola pangembangan crita kang kabentuk saka hubungan sebab akibat. Alur kaperang dadi 3, yaiku: alur maju (progresif/kronologi), mundur (flashback), campuran.
5.      Amanat, yaiku pituduh kang sinimpen ana ing crita. Amanat bisa wae kaserat langsung liwat narasine pengarang utawa dialog kang katindhakake dening paraga, nanging uga bisa sinandhi ana ing crita wutuhe (kasirat). Pamaos bisa nangkep amanat kang kasirat kanthi nyimpulake dhewe saka dalan critane (alur)
6.      Sudut pandang,  yaiku posisine pangganggit nalika ncritakake crita.


RURA BASA LAN KERETA BASA

RURA BASA DAN KERETA BASA

 

Rura basa dan Kereta basa merupakan salah satu bentuk bahasa yang berkembang di masyarakat  Jawa. Rura basa dan kereta basa bisa dikatakan merupakan bentuk bahasa yang biasa digunakan dalam kehidupan sehari-hari, namun jika dilogika atau dinalar memiliki makna yang berbeda. Ingin tahu lebih jelasnya ayo kita belajar bersama-sama tentang rura basa dan kereta basa.

 

 

1. RURA BASA

 

Rura basa terdiri atas dua kata yaitu “rura” dan “basa”. Rura disebut juga “rurah” yang artinya rusak. Basa artinya bahasa. Maka Rura basa adalah bahasa yang rusak.

 

Dalam masyarakat bahasa ini Sebenarnya dimaksudkan hanya dalam bentuk anggapan saja, karena bahasa bentuk ini sudah lumrah atau terbiasa digunakan di masyarakat. Sehingga bentuk bahasa ini jika dibenarkan malah terlihar berbelit-belit dan tidak lumrah, dan malah tidak bisa diterima oleh masyarakat.

 

Rura basa Yaiku tembung kang salah nanging wis kaprah (umum) dienggo padinan.

 

 

 

Contoh:

1.     Ndheplok gethuk                = ndeplok tela godhog didadekeke gethuk.

2.     Ndondomi klambi              = dondom kain nggawe klambi

3.     Ndhudhuk sumur             = ndhudhuki lemah digawe sumur

4.     Nenun sarung                     = nenun kain dadi sarung

5.     Adang sega                        = adang beras supaya dadi sega (nasi)

6.     adang esuk                         = adang sega wayah esuk

7.     bakul jangan                     = wong dodol kaperluane masak

8.     Jaga gerdhu                        = jaga keamanan manggon ing gerdhu

9.     mangan awan                   = mangan sega wayah awan

10.          Negor klapa                   = negor wit klapa

11.          mbunteli tempe              = mbunteli kedele godhog dicampuri ragi supaya dadi tempe

12.          mikul soto                     = mikul kwali isine soto

13.          nglinting rokok               = nglinting klobot karo mbako supaya dadi rokok

14.          menek klapa                   = menek wit klapa

15.          Ndhudhuk sumur            = ndhudhuk lemah digawe sumur

16.          njahit klambi                  = njahit kain supaya dadi klambi

17.          nggodog wedang           = nggodog banyu supaya jadi wedang

18.          ngenam klasa                 = ngenam pandan supaya dadi klasa



 

2. KERETA BASA

 

Yaiku tembung sing diothak-athik supaya mathuk, mujudake cekakan saka rong tembung utawa luwih kang dadi ukara

 

Contoh:

1.     Garwa             tegese = sigarane nyawa

2.     Saru                tegese = kasar tur keliru

3.     Mantu             tegese = diemen-emen meksa metu

4.     Cangkem     tegese = yen ora dicancang ora mingkem

5.     Anak               tegese =  Karep apa-apa kudu ana lan enak.

6.     Bapak       tegese =  Bap apa-apa pepak

7.     Batur              tegese =  Embat-embating tutur

8.     Bocah        tegese =  Mangan kaya kebo, gaweyane ora kecacah.

9.     Brekat       tegese =  Dideleh mak breg terus diangkat

10.          Buta            tegese =  Kalbu sing ora ditata

11.          Cangkem    tegese =  Yen ora dicancang ora mingkem.

12.          Cangkir       tegese =  Kanggo nyancang pikir

13.          Cengkir       tegese =  Kencenge pikir

14.          Dhalang      tegese =  Ngudhal piwulang

15.          Denawa      tegese =  Ngeden hawa ngumbar hawa napsu

16.          Desember    tegese =  Gedhe-gedhene sumber

17.          Dongeeng    tegese =  Dipaido ora mengeng

18.          Garwa         tegese =  Sigaraning nyawa

19.          Garbu         tegese =  Yen ora mbegar ora iso mlebu

20.          Gedhang     tegese =  Saged padhang, digeget bar madhang.

21.          Gerang        tegese =  Segere wis arang-arang

Popular Posts