TRANSLITERASI AKSARA JAWA "Anoman"


Äa[nomn\
Äni=pewy=zn¿cºitrmynap[f[nmabrtanslhswijini=prgsi=jujulukH[nomn¿,augsisilihs_gn.snjnW|jufWnr[st,ke[qkPutih,nzi=pke/ti[nluau/,xsikSemBfset-mr=rmrtugusTi[n.tumnF=g[w[ntnPpmºih knQi[tknK=sucitnSha[mBlbebene/amB`nTsTinFkH=krmu/k.kejbaikuaugpºjuritLinuwihk=tnPtnDi=,bebsnWisHteknJ=gutHisihkuwg=mjuai=rn=gn,ceq[ynF|[w[tktLnSemztK=mknT/knT/.
Äswi[sSgnTijmnH[nomnHisihfipri=zipv=JyusW,tºimmenDitaulhjtini=zelM|ksmPu/nnNi=pti.pri=kw(hmr=genersicnD[k.mulbvJ|/mfegBgwnHi=p}tpnKenDlisfjujulukS=begwnH[nomnHiys=begwnMy=kr,a[nomnKXbuslhswijini=kf=byu[nwe/kufr.
Transliterasi aksara
Anoman
ning pewayangngan crita ramayana apa déné mahabarata ana salah sawijining paraga sing jujuluk anoman, uga sisilih senggana. sanajan wujud wanaraséta, kethék putih, nanging pakertiné luhur, resik sembada setya marang rama ratu gustiné. tumandang gawéné tanpa pamrih kanthi tékan kang suci tansah ambéla bebener ambrantas tindak angkara murka. kejaba iku uga prajurit linuwih kang tanpa tandhing, bebasan wis atekan janggut isih kuwagang maju ing rananggana, cetha yén duwé tékat lan semangat kang makantar kantar.
sawise ganti jaman anoman isih diparingngi panyjang yuswa, trima mendhita ulah jatining ngelmu kasampurnanning pati. paring kawruh marang generasi candhaké. mula banyjur madeg bagawan ing pretapan Kendhalisada jujuluk sang begawan anoman iya sang begawan Mayangkara, anoman kalebu salah sawijining kadang bayuné werkudara.
download dulu softwere nya........
 

TULADHA SESORAH ADICARA KESRIPAHAN/LELAYU

Assalamualaikum, wr, wb.
Innalillahi wa inna ilaihi roji’un
Sadaya punika kagunganipun pangeran, mila ugi badhe wangsul dhateng Pangeran.
Para takjiyah kakung sumawana putri ingkang kinurmatan, kula minangka talang aturipun ingkang kesripahan,  ngaturaken sugeng rawuh. Matur nuwun dene panjenengan sedaya sampun kepareng rawuh, minangka pratandha tresna panjenengan dhumateng kulawarga ............ temah saged nglipur anggenthengaken awratipun raos. Dene katilar wangsul katimbalan dening Pangeran Ingkang Maha Kuwaos.

Dhumateng sanak kadang, tanggi tepalih, kula ngaturaken sanget agunging panuwun awit saking keparengipun paring pambyantu punapa sesanggeman kula dados entheng, sadaya lumampah gancar lan prayogi.
Para taljiyah ingkang kula tersnani.
Bapak/ibu ............... sampun kapundhut wangsul dhateng ngarsanipun Allah SWT. Ingkang punika mbok menawi nalika sugengipun anggadhahi kalepatan dhateng panjenengan sedaya, kulawarga anyuwunaken pangapunten. Dene mbok menawi taksih wonten sanak kadang ingkang taksih njanggel petangan kaliyan almarhum/ah .......... , mugi kaparenga tumunten anuntasaken dhateng kulawarga ingkang katilar. Makaten supados lampahipun suwargi katimbalan marak ing ngarsanipun Pangeran mboten semang tumolih, kalis ing rubeda punapa kemawon.
Para takjiyah ingkang kila hormati, boten langkung nyuwun tambahing pandonga, mugi-mugi alusipun bapak/ibu ........... katampiya kanthi sukarena dening pangeran, kaparingana pangapunten sedaya ngamal saenipun, kapapana ing panggenan ingkang prayogi. Dene kulawarga ingkang katilar mugi kaparingana manah ikhlas, tetep tawakal lan sabar, sageda nelad lan nglestantunaken ngamal saenipun ingkang sampun suwargi.
Wasana cekap semanten anggen kula matur. Manawi wonten atur kula ingkang kirang prayogi, nyuwun pangapunten. Wassalamu’alaikum, wr.wb.

TULADHA POCAPAN LELAYU /KESRIPAHAN

TULADHA LELAYU UTAWA KESRIPAHAN



lelayu lisan
Assalamuallaikum wr,wb.
Innalillahi wainna illaihi roji’un 3x
Ngaturi uninga bilih dinten menika (Selasa Wage surya kaping 30 Maret 2002) MBAH MARTONO sampun kapundhut tillah rohmatillah. Mbok bilih para sedherek/saudhara hanggadhahi wekdal kula aturi takziah wonten dalemipun MBAH NASI. RT05 RW 01 dusun Gebog Kembang. Dene jenazahipun samangke kasarekaken  tabuh 11.00 siyang ing pasareyan umum desa Kembang. Matur nuwun.
Wassalamuallaikum wr, wb.
Lelayu Seratan
Innalillahi wainna illaihi roji’un
Assalamuallaikum wr, wb.
Ngaturi uninga bilih kala dinten Senin Pon surya kaping 13 Januari 2002, wanci tabuh 04.15 WIB sampun katimbalan sowan wonten ngarsanipun Allah SWT,
BAPAK MARTONO
Jalaran nandhang gerah sepuh. Almarhum kaparingan yuswa 83 taun. Dene jenazah badhe kasarekaken wonten pasareyan Bergota Semarang, dinten Selasa Wage surya kaping 14 Januari 2002 tabuh 11.00 WIB. Bidal saking griya Jl. Merpati 56 Semarang. Mbok bilih nalika sugengipun Almarhum hanggadhahi kalepatan dhateng panjenengan sedaya, kulawarga nyuwunaken pangapunten.
Wassalamuallaikum wr, wb.
Ingkang nandhang sungkawa
kulawarga Budiyanto lan kulawarga Sudiyanto

SOAL MID SEMESTER GASAL KELAS XII TAHUN AJARAN 2013/2014



YAYASAN PENDIDIKAN ISLAM (YPI)
ULANGAN MID SEMESTER GASAL MADRASAH ALIYAH
TAHUN PELAJARAN 2013/2014
Mata Pelajaran : Bahasa Jawa                                                 Hari/tanggal    : Ahad, 29 September 2013
Kelas               : XII (Rolas)                                                   Waktu             :                       WIB
   I.      Wangsulana pitakonan ing ngisor kanthi jangkep!
1.      Sebutna kanthi runtut apa wae adicara kang ana ing panggih?
2.      Gaweya teks atur pasrah temanten kakung kang cengkorongane mangkene!
1)      Salam pambuka
2)      Purwakaning atur

a)      Atur pakurmatan
              b)      Pangajak puja-puji
            c)      Atur panuwun

3)      Surasa/wose
a)      Lampahane panganten kakung mekaten: tabuh 10.00 panganten kakung dipunpendhet saking dalem Jl. Kalingga Jati No. 123 Jepara kairing para sepuh, kulawarga, saha sanak kadang.
b)      Dumugi ing dalem beksan Jl. Soekarno Hatta 345 Kembang kanthi slamet raharja.
c)      Panganten kakung kapasrahaken.
4)      Purnaning atur

a)      Atur panuwun
b)      Panyuwunan pangapura

5)      Salam panutup
3.      Wacanaing ngisor iki owahana dadi basa krama alus!

Sabar iku becik-becike bebudi. Kabeh agama padha nyritakak yen Gusti Allah iku asih marang wong kang pada sabar bebudene.sabar iku tegese momot, kuwat, nandang sak kabehe pacoban, nanging dudu wong kang sithek pangarep-arepe.sabar iku wong kang santosa atine, ora ala bebudene, pantes den aranana segarane kawruh. Mengkono kuwi kang diarani watak sabar. Sabar iku salah sijine budi pekerti luhur kang kudu digladi dening sapa wae.

4.      Gambariki nuduhake:

 
          a) Adicara panggih apa?
          b)  Maknasaka adicara iku apa?



5.      Jangkepanatabel ing ngisor iki!
No
Basa Krama
Bahasa Indonesia
No
Basa Krama
Bahasa Indonesia
1
Manah

6

Tuan runah
2
Minangka

7

Halangan
3
Tetalanging atur

8

Ijinkanlah
4
Sarimbit

9

Saya
5
Kadhawuhan

10

Kewajiban





Sugeng makarya

Popular Posts