SOAL MID SEMESTER GASAL KELAS XI TAHUN AJARAN 2013/2014



YAYASAN PENDIDIKAN ISLAM (YPI)
ULANGAN MID SEMESTER GASAL MADRASAH ALIYAH
TAHUN PELAJARAN 2013/2014
Mata Pelajaran : Bahasa Jawa                                              Hari/tanggal    : Ahad, 29 September 2013
Kelas               : XI (Sewelas)                                               waktu             :                       WIB
   I.      Wangsulana pitakonan ing ngisor kanthi jangkep!

1.    Carane pidhato iku ana pira? Sebut lan jlentrehna!
2.    Gaweya naskah pidhato kanthi tema “Hari Pendidikan Nasional” kang cengkorongane kaya mengkene:
1)      Salam pambuka
2)      Purwakaning atur
a)      Atur panuwun
b)      Pangajak puja-puji
3)      Surasa/wose
a)      Wigatine “wajib belajar” 12 taun
b)      Ngajak para mudha-mudhi mligine para siswa sregep anggone nggayuh ilmu
c)      Ungah-ungguh lan solah bawa kang sae ing pasrawungan
4)      Dudutan lan pangarep-arep
5)      Panutup
a)      Atur panuwun
b)      Panyuwunan pangapura
6)      Salam panutup
3.    Gaweya wacana kang ukara bakune ana ing wiwitan paragrap! Minimal 6 ukara.
4.    Wacana ing ngisor iki owahana dadi basa krama alus!
Menungsa iku duweni jejer pinangka makhluk pribadhi lan sosial. Jejere manungsa dadi makhluk pribadhi iku dewe kebutuhan kang kudu ditetepi kayata: mangan, ngombe, sandhang, papan panggonan, hiburan, lan liyane. Dene minangka makhluk sosial menungsa uga duwe kebutuhan sing penting yaiku kaya: urip karo wong akeh, lung tinulung antarane tangga teparo, nindakake sesanggeman minangka anggota masyarakat. Saben menungsa iku uga dadi wargane masyarakat kang saka cilik dewe lingkupe nganti kang paling ombo.

5.    Owahana ukara ing ngisor iki dadi bahasa Indomesia!
a)      Kala wingi siyang, simbah gerah waja kaliyan jangga.
b)      Asta punika kaginaanipun kangge mundhut dene paningal kangge mirsani samubarang.
c)      Kowe arep ningdi yu, kok ketoke kesusu banget?
d)      Sapa wonge kang nandur kabecikan bakal ngunduh kabecikan, sawalike sapa kang nandur kacilakan bakal ngunduh bab kang ala.







Sugeng makarya

SOAL MID SEMESTER KELAS X TAHUN AJARAN 2013/2014



YAYASAN PENDIDIKAN ISLAM (YPI)
ULANGAN MID SEMESTER GASAL MADRASAH ALIYAH
TAHUN PELAJARAN 2013/2014
Mata Pelajaran : Bahasa Jawa                                    Hari/tanggal    : Ahad, 29 September 2013
Kelas               : X (Sepuluh)                                      Waktu             :                       WIB
   I.      Wangsulana pitakonan ing ngisor kanthi jangkep!

1.      Sebutna kanthi runtut apa wae kang dadi perangane wara-wara?
2.      Gaweya wara-wara babagan lomba “maca pidhato basa Jawa” kanggo mengeti dina Pendidikan Nasional kang ditujokake kanggo kanca-kancamu!
3.      Wacana ing ngisor iki owahana dadi basa krama alus!
Nggolek ilmu iku bisa saka ngendi wae. Bisa saka pamulangan ning sekolah, bisa saka maca koran, maca buku kang migunani, bisa saka wong kang winasis ing sadengah kawruh. Ning sekolah kita diwulang macem-macem kawruh kayata: kawruh maca, nulis, kawruh babagan kebudayaan dan kesenian, kawruh utama kang ana hubungane karo ketuhanan, kemanusiaan, dan budi pekerti. Kawruh-kawruh ketrampilan kang migunani bisa kanggo sangu nyambut gawe.

4.      Ukara-ukara ing ngisor iki owahana dadi basa krama aluslan ngoko alus!
a)        Simbah duwe duwit limangewu
b)        Bu guru nganggo jarik parang kusuma sing rupane ireng.
c)        Sampeyan mau apa wis dhahar?
d)       Rikmane simbah wis pethak kabeh mulane arep disemir
e)        Adhik lunga pasar numpak sepedha.





Sugeng makarya

TULADHA PIDHATO ADICARA PERPISAHAN KELAS IX BASA JAWA

Perangan bakune tanggap sabda

 

1.      Salam Pambuka

Ngaturake salam jumbuh karo agamane dhewe-dhewe

 

2.      Pambuka (Purwakaning atur)

Isine atur panuwun marang kang padha rawuh lan muji syukur marang Gusti Allah SWT

 

3.      Surasa (Wigatining atur/isi)

Isine ngemot bab kang ana gegayutane karo adicara kang dianakake

 

4.      Dudutan (kesimpulan)

Isine sari pathi saka babkang wis diandharake

 

5.      Pangarep-arep

Tegese panyuwunan marang kang diajak rembugan lan marang Gusti Ingkang Maha Agung

 

6.      Panutup (Purnaning atur)

Nyakup atur panuwun lan panyuwunan pangapura

 

7.      Salam penutup

Isine atur salam utawa donga kanggo sakabehe 

 


MATERI NGRUNGOKAKE KHOTBAH / PIDHATO

 

 

TULADHA TANGGAP SABDA PERPISAHAN KELAS IX

 

Assalamualaikum Wr. Wb.

            Bapak, Ibu para rawuh lan para rayi ingkang kula kurmati. Kaparenga ing wekdal punika kula wakilipun kelas sanga ngaturaken gunging panuwun saha sugeng rawuh wonten ing adicara perpisahan menika.

 

            Bapak saha ibu guru ingkang pantes tinulad sinudarsana, mboten kanyana sampun tigang tahun panjenengan dhidhik kula lan kanca-kanca kanthi kesabaran lan maringi ilmu ingkang katah kang migunani dhateng pasrawungan sedaya kalawau dipunparingaken tanpa pamrih. Dene kula lan kanca-kanca mboten saged mbales jasa-jasanipun panjenengan sedaya. Naming saged angaturaken mugi-mugi Gusti Kang Mahawikan paring piwelas tumrap kawigatosan lan ilmu ingkang sampun panjenengan paringaken dhumateng kula sami.

 

            Ing ngriki, kula makili kanca-kanca nyuwun pamit saha idi pangestu mugi-mugi kula lan kanca-kanca pinaringan panggenan pawiyatan ingkang becik, kados ingkang kula lan kanca-kanca kersakaken.

 

            Para rayi ingkang kula tresnani, supados tambah semangat sinau lan semangat anggenipun nggayuh prestasi, tuwin supados pawiyatan ingkang kita tresnani niki, SMA Kalingga saya apik lan tetep paling apik ing kutha Solo, para rayi lan kanca-kanca kelas sanga, kula pesen kangge sedaya kemawon, aja ngantos “pedhot-kekancan” supados kita tetep rerembagan kayata sakderengipun kita pisah.

           

Ing pungkasan atur, kula lan kanca-kanca nyuwun idi pangestu lan gunging samudra pangaksami dhumateng Bapak, Ibu guru, Para rawuh, lan para rayi menawi kula sakanca gadah kalepatan wiwit tigang tahun niki.

 

            Atur temanten, mangan srikaya mangan kupat uga pecel punten cekap semanten atur kula bilih salah nyuwun pangapunten.

Wassalamualaikum Wr. Wb.

                                                            (kapethik saka: www.jurnalabdul.co.cc)

 

Tindhakna tanggap wacana ing dhuwur kanthi nggatekake kedal, ucapan, lagu, uga carane ngadheg!

 

 

 

TULADHA WARA-WARA

WARA-WARA

Kanca-kancaku kang dak-tresnani,
Kanggo mahargya pengetan Dinten Kartini, OSIS ngawontenaken lomba Kangmas Mbakyu sarta maos geguritan. Lomba badhe kaadhani benjing,
Dinten                 : Selasa
Tanggal               : 21 April 2011
Papan                  : Aula
Tabuh                 : 08.30 WIB – paripurna
Sedaya kelas kedah ngirimaken wakilipun ing lomba kasebat.

Jepara, 10 April 2011
Ketua OSIS

Agus Siswanto

Popular Posts